Customer Service

Total Tayangan Halaman

Selamat Ketemu Di Blog Orang Tuban

Apa ITU Tawasul

mbah woco bahas tawasul
Tawassul
26 Oct 2009 11:14
Dunyo pancen reno reno.
Ono sakgolongane wong sing Anti tawassul karo Gusti nabi ugo poro Auliya.
Semono ugo ora sarujuk marang Amaliyah tahlilan,yasinan utowo Ziarah Kubur.
Alasane jare 'Syirik utowo bid'ah'.
Kudune sakdurunge ngecap 'Syirik' utowo 'bid'ah' luwih dhisik kudu mangerteni
makna lan maksude Syirik iku opo lan Bid;ah iku opo..
Syirik mungguh maknane yaiku :
Yakin wujude perkoro sing anduweni kuwoso madhani Gusti Allah.
Tembung 'Madhani' iku yo ateges ora bedho utowo ora kacek babar blas.
Dadi koyo umpamane Wong Tawassul iku ora banjur yakin menawane
sing digunakake tawassul iku anduweni kuwoso podho karo Gusti Allah.
Gampange koyo tondhe ngene,
Anak nyuwun duwit marang ibune,jalaran yakin sing duwe duwit iku ibune.
hmm...
Opo saktenane ibune duwe duwit?!.. Ha sejatine sing duwe duwit iku Gusti Allah,
jalaran kabeh barang ing dunyo iki yo Gusti Allah kang KAGUNGAN.
Yen pancen tawassul kalebu syirik kudune penggawe nyuwun duwit mau yo kalebu
syirik. Iku nek KONSISTEN...
Utowo nek nyuwun duwit kudu ditembungke 'Bu,kulo nyuwun duwite Gusti Allah
ingkang dipun titipaken jenengan'..
Sakbanjure masalah Bid'ah..
Kapan kapan wae.. Hehehe...
jika suka klik ya...?

Cara Pesan

Kirim email ke jokogede54@yahoo.com atau sms ke no. 085648333462 sertakan jenis order anda (nama barang/kode barang, nama anda, email anda dan no. telp).

0 komentar:

Posting Komentar

Advertiser

Facebook Fanpage Box

Produk Populer